(ing sajroning mangsa paskah)
Ratu swarga, kawula aturi suka-suka, alléluia.
Awit Gusti ingkang karsa manjalma, alléluia.
Sampun wungu kados pangadika Dalêm, alléluia.
Kawula nyuwun pangèstu dalêm, alléluia.
Ibu Kênya Maria, kawula aturi suka-suka saha bingah-bingah, alléluia.
Awit Gusti yêktos sampun wungu saking séda, alléluia.
Swawi sami munjuk:
Allah, ingkang karsa damêl bingahing jagad sarana wungunipun Putra Dalêm, Gusti kawula Sri Yésus Kristus, kawula sami nyuwun ing Sampéyan Dalêm, supados lantaran ingkang Ibu Kênya Maria, kawula sagêda angsal kabingahan langgêng. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin
----------------------------------
[dipun sembahyangakên wanci pukul 06.00 wib; 12.00 wib; 18.00 wib]
Jumat, 29 April 2011
RATU SWARGA
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar