Malaekating Allah nglantaraken dhawuh dhateng Kenya Maria. Ajeng Sang Kenya nggarbini saking kuwasaning Hyang Roh Suci.
Sembah bekti kawula, Dèwi Maria, kekasihing Allah.
Pangéran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yésus.
Dèwi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu dalem,
samangké tuwin bénjing dumugining pejah.
Amin.
Kawula abdining Allah,
Sandika ing dhawuh Dalem,
Sembah bekti kawula, Dèwi Maria, kekasihing Allah.
Pangéran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yésus.
Dèwi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu dalem,
samangké tuwin bénjing dumugining pejah.
Amin.
Sang Sabda lajeng dados manungsa.
Yektos nunggil ing kawula.

Ibuning Allah nyuwun pangestu dalem.
Supados pantes nampi ganjaran kasagahan Dalem Sang Kristus.
Suwawi sami munjuk :
Gusti, sarehning kawula sampun dipun wartosi ing Malaekat, bilih Putra Dalem yektos manjalma, mila sami nyuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamenthanganipun Putra Dalem, benjing satangining badan, kawula sageda ndherek kamulyakaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar