Laku sangang dina cecawis Pesta Ambeg Welas Asih Dalem Gusti
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina:
“Aku ngersakake ing sajroning sangang dinagawanen sowan marak ing ngarsaku sukma-sukmaning manungsa mlebu ing sumbering welas asih-Ku. Saben dina larapna sowan marak ing Tyas-Ku kumpulan manungsa kang beda, banjur cemplungna ing telenging samodra welas asih-Ku.” (BCH,#1209)
Dinten Kapisan – Jemuwah Adi
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-Ku kabeh manungsa, mligine kang kebak dosa, padha cemplungna ing samodra welas asih-Ku. Kanthi mangkono kowe bakal caos panglipur marang Aku ana ing kasusahan-Ku marga ilanging para sukma kang ketriwal”. (BCH, #1210.
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus Kristus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem tansah nresnani lan paring pangapunten dhateng kawula. Sampun ngantos mriksani dosa kawula, nanging kawula aturi menggalih pitadosing pasamuwan Dalem dhumateng kasaenan Dalem ingkang tanpa winates, saha katampia kawula sedaya ing Tyas Dalem ingkang Maha Welas Asih, lan sampun ngantos kawula ketriwal saking ngarsa Dalem ing salaminipun. Kawula nyuwun ing ngarsa Dalem krana Ambeg Welas Asih Dalem ingkang manunggil kaliyan Hyang Rama tuwin Hyang Roh Suci.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, kawula aturi mriksani sadaya manungsa mliginipun manungsa ingkang dosa, ingkang sampun tinampi ing Tyas Dalem ingkang Ambeg Welas Asih. Krana sangsara Dalem, katedahna manungsa dhumateng Ambeg Welas Asih Dalem, supados tansah memuji maha kuwaosing katresnan Dalem, ing salami-laminipun. Amin
-------------------------------
SEMBAHYANG KORONKA
(Tandha Pamenthangan)
Rama kawula…….
Sembah bekti………..
Kawula pitados ing Allah……..
(Tandha Pamenthangan)
Rama kawula…….
Sembah bekti………..
Kawula pitados ing Allah……..
5 butir-butir Rosario kagantos:
1. Suci, Suci, Suci, Gusti Allah ing alam sawegung, Swarga lan donya penuh ing kamulyan Dalem Gusti, linuhurna ing salami-lami. Pinujia ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, linuhurna ing salami-lami. (3x)
2. Sangsara Dalem dhuh Gusti Yesus, neguhna iman kawula, Rempu Dalem nyarasaken kawula (Yer 53:3-7)
3. Ludira Dalem ingkang mijil saha Seda Dalem ing kayu salib dhuh Gusti Yesus, nebus dosa-dosa kawula.
4. Mekrad Dalem saking antawisipun tiyang pejah, dhuh Gusti Yesus, paringa kawula gesang langgeng.
5. Mugi linuhurna Allah Hyang Rama, Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci……..

Manik ingkang ageng:
P Allah Hyang Rama ingkang Maha Langgeng.
U Kawula unjukaken ing ngarsa Dalem, Slira lan Rah Dalem, Jiwa lan ke-Allah-an Dalem ingkang Putra kinasih, Gusti kawula Yesus Kristus, minangka panebusing dosa-dosa kawula, sarta dosaning jagad sawegung.

10 manik ingkang alit:
P Karana sangsara Dalem Sri Yesus ingkang satuhu nrenyuhaken.
U Mugi melasana kawula sedaya tuwin umat Daleming saindhenging buwana.

PENUTUP
Allah ingkang Maha Suci, Maha Kuwasa, tuwin Langgeng, melasana kawula sadaya tuwin umat Dalem ing saindhenging buwana (3x).
---------------------------------------

Dinten Kaping Kalih – Setu Suci
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-Ku sukmane para Imam, Biarawan-Biarawati, lan padha cemplungna ing telengin samodra welas asih-Ku. Para sukma iku kang bakal nguwatake Aku nyangga sangsara kang nggegirisi. Iya awit para sukma iku mau welas asih-Ku lumeber mili tumrap kabeh manungsa.” (BCH,# 1212)
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem tuking sadayakasaenan. Kakiyatna manah kawula kanthi sih Dalem, supados kawula kawagang mujudaken pakaryan-pakaryan welas asih kanthi pantes supados soksintena ingkang nyipati kawula, ngluhuraken Allah Hyang Rama, Bapa ingkang Ambeg Welas Asih ing Swarga.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, kersoa mriksani kanthi welas asih Dalem, tiyang-tiyang ingkang pinilih makarya ing kebon anggur Dalem, sukma-sukmanipun para imam, biarawan-biarawati. Paringa nugraha dhumateng para iumam, biarawan-biarawati punika kekiyataning Berkah Dalem, lanngemuti Tyasipun Putra Dalem, Sri Yesus Kristus, papan palerepaning para sukma, maringana kekiyatan lan pepadhang Dalem, supados para imam, biarawan-biarawati saged nuntun tiyang sanes nuju margining kawilujengan, saengga sesarengan mulyakaken Ambeg Welas Asih Daelm ingkang boten saged jinajagan ing salami-laminipun. Amin
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Tiga – Paskah Wungu Dalem Gusti
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-Ku, kabeh sukmaning para utama, pada cemplungna ing samodra welas asih-Ku. Para sukma iku kang nglipur Aku ing dalan pamenthangan-Ku. Para sukma mau kang dadi manyu panglipur kang tumetes ing tengah-tengahing kasangsaran”. (BCH,#1214)
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, ingkang paring lumbering sih nugraha, karsaa nampi kawula sedayaing salebeting Tyas Dalem ingkang Ambeg Welas Asih lansampun ngantos nilar kawula ing salami-laminipun. Panyuwun kawula punika kawula aturakenmargi tresna Dalem ingkang makantar-kantar ing Tyas Dalem tumuju Hyang Rama ing Swarga.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksananakanthi welas asih Dalem, para sukma ingkang setya minangka warisan Putra Dalem. Awit margi sangsara ingkang saklangkung awrat, paring berkah supados sampunngantos kecalan katresnanlan bandha kapitadosan, nanging sesarengan para malaekat lan para suci ngluhuraken Ambeg Welas Asih Dalem kang tanpa winatesing salami-laminipun. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Sekawan – Senen Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-Ku wong-wong kang during pracaya mring Allah Hyang Rama,mligine kang during tepung karo Aku. Wong-wong iku tansah ana ing telenging ati-Ku rikala Aku nandhang sangsara nggegirisi. Lan ing tembe, tekade wong-wong mau dadi panglipuring ati-Ku; pada cemplungna ing samodra welas asih-Ku.” (BCH,#1216).
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Wlas Asih, cahyaning alam sawegung, karsaa nampi ingarsa Dalem, para sukmaning tiyang-tiyang ingkang dereng tepang Allah Hyang Rama lan dereng tepang kaliyan Panjenengan Dalem. Mugi cahyaning sih kanugrahan Dalem tansah madhangi para sukma punika, supados sesarengan kaliyan kawula ngluhuraken Ambeg Welas Asih Dalem ingkang ngedab-edabi, lan sampun ngantos para sukma uwal saking pangrengkuhing katresnan Dalem.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksananankanthi welas asih Dalem sadaya sukma-sukmanipun tiyang-tiyang ingkang dereng pitados ing Sampeyan Dalem, nanging ingkang sampun rinengkuh ing Tyas Dalem Sang Kristus ingkang Ambeg Welas Asih. Kasunarana pepadhang Injil, awit piyambakipun boten mangertos kados pundi bingahing manah nresnani Gusti. Katuntuna supados sami ngluhuraken Welas Asih Dalem ingkang maluber-luber, ing salami-laminipun. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Gangsal – Selasa Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-Ku sukmane sadulur-sadulur kang katriwal, lan cemplungna ing samodra welas asih-Ku. Rikala Aku nandhang sangsara nggegirisi, sadulur-sadulur iki natoni salira lan ati-Ku, yakuwi Pasamuwan Suci. Yen sadulur-sadulur iki padha bali nyawiji ing Pasamuwan Suci, tatu-tatu-Ku bakal pulih, kanthi mangkono sangsara-Ku dadi entheng.” (BCH,#1216)
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem jatining kasaenan, botennulak paringpapadhang dhumateng ingkang mbetahaken. Mugi Sampeyan Dalem tampi lumebet ing korining Tyas Dalem ingkang Ambeg Welas Asih, sukma-sukmanipun sadherek ingkang katriwal,katarika mawi pepadhang Dalem amrih manunggal wonten ing Pasamuwan Suci; sampun ngantos pethal saking pangrengkuh Dalem ingkang Ambeg Welas Asih satemah sami tansah ngluhuraken kamirahan Dalem.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksanana kanthi welas asih Dalem, para sukma ingkang katriwal, mliginipun ingkang damel muspra kasaenan Dalem lan nyepelekaken sih nugraha Dalem kanthi tetep nglampahi tumindak ingkang cengkah kaliyan karsa Dalem; sampun ngantos mriksani dosa-dosanipun nanging asih tresnanipun Putra Dalem Sri Yesus Kristus, sarta sangsaranipun ingkang saklangkung getir ingkang kasandhang margi nglabeti para sukma punika, awit para sukma kasebat rinegem ing Tyas Dalem ingkang Ambeg Welas Asih. Wekasanipun samia tansah ngluhuraken Welas Asih Dalem ing salami-laminipun. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Enem – Rebo Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-ku, sukma-sukmaning wong lembah manah lan andhap asor,lan bocah-bocah cilik, cemplungna ing samodra welas asih-Ku. Sukma-sukma iki ngemperi Tyas-Ku. Wong-wong kuwi kabeh kang nguwatake Aku ing wektu seda-Ku. Ing panyawang-Ku wong-wong iki kaya dene para malaekating donya kang bakal jaga sakupenge altar-altar-Ku. Aku bakal ngesokake kanugrahan kanggo wong-wong iku, awit kanugrahan-Ku mung bisa ditampa dening wong kang andhap asor. Wong kang andhap asor dakparingi kapercayan-Ku.” (BCH,#1220)
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem nate ngandika:”Nuladaa marang Aku marga Aku lembah manah lan andhap asor.” Karsaa nampi Tyas Dalem ingkang penuh ing Sih, sukma-sukma ingkang lembah manah lan sukma-sukmanipun lare-lare alit. Para sukma punika wau damel gumun saisining swarga, lan ndadosaken renaning penggalih Dalem awit dados sekar arum ing sakiwa tengen dhampar Dalem. Para sukma kasebat dedunung lana ing Tyas Dalem ingkang kebak ing Sih, lan tanpa kendhat ngidungaken pepudyan katresnan Dalem ing salami-laminipun.
U Allah Hyang Ramai ngkang Langgeng, karsaa mriksani kanthi Welas Asih Dalem, para sukma ingkang lembah manah lan andhap asor lan sukma-sukmanipun lare-lare alit, ingkang katampi ing Tyas Dalem Gusti Yesus Kristus ingkang Ambeg Welas Asih. Para sukma kasebat ngemperi Putra Dalem, arumipun ndedel saking bumi tumuju dhampar Dalem. Allah Hyang Rama ingkang Welas Asih lan Maha Sae, karana welas asih lan kepareng Dalem, kawula nyuwun kanthi adreng, berkah Dalem kangge alam sawegung supados para sukma sesarengan mulyakaken Maha Welas Asih Dalem ing salami-laminipun. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Pitu – Kemis Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-ku, para sukma kang tansah ngurmati lanmulyakake Ambeg Welas Asih-Ku, lan cemplungna ing welas asih-Ku. Sukma-sukma iku nadhang sangsara kang luwih abot marga kasangsaran-Ku, lan nimbus jero ing roh-Ku. Ing tembe buri para sukma kuwi bakal sumunar gumebyar padhange ngedab-edabi. Ora ana siji-sijia wae ing antarane kang bakal ngrasakake latu pangresikan. Para sukma iku mbaka siji bakal dakbela kanthi mirunggan ing wektu ajale.” (BCH,#1224).
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, ing Tyas Dalem wontenipun naming asih tresna. Mugi karsaa mbuka Tyas Dalem kang kebak welas asih kangge para sukma ingkang nalika taksih ing donya gesang mempeng mulyakaken lan caos pakurmatan dhumateng agung Welas Asih Dalem. Sukma punika katunggilna kaliyan Gusti Yesus, ingkang tansah ngamping-ampingi umat Dalem. Sukma-sukma kinasih punika boten badhe kapidana awrat, awit welas asih Dalem tansah mayungi dalasan ngantos dumugining delahan.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksanana kanthi welas asih Dalem, para sukma ingkang ngluhuraken lan caos pakurmatan dhumateng Ambeg Welas Asih Dalem ingkang tanpa wangenan ing Tyas Dalem Sri Yesus. Para sukma punika prasasat Injil ingkang gesang, tanganipun kebak pakaryan-pakaryan welas asih, manahipun kebak kabingahan rerepening kidung kawelasan Dalem ingkang Maha Agung. Kawula nyuwun dhuh Gusti, mugi katedahna para sukma dhumateng welas asih Dalem salaras kapitadosan lan pangajeng-ajeng ingkang kaunjukaken mring Gusti. Karsaa njangkepi sabdanipun Sri Yesus Putra Dalem ingkang sampun asung prajanji, bilih sukma-sukma ingkang ngluhuraken welas asih Dalem ingkang tanpa wangenan, ingkang badhe kabela dening Gusti Yesus minangka kamulyan Dalem Pribadi wonten ing gesang punika, mliginipun ing wekdal ndungkap ajal. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Wolu – Jemuwah Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-ku, para sukma kang kakurung ing latu pangresikan lan cemplungna ing samodra welas asih-Ku, kareben ilining ludira-Ku gawe adhem kang padha kepanasen. Para sukma kuwi banget Daktresnani, amarga lagi nebus kaadilan-Ku. Kowe bisa paweh rasa ayem marang para sukma mau, kanthi panguwasaning Pasamuwan Suci kang awujud Indulgensi, mula padha nyuwuna lunasing siksa kanggo para sukma ing latu pangresikan. Oh, saumpama kowe ngerti saeba sangsarane para sukma iku, mesti tanpa kendhat anggonira bakal atur pisungsung amal saleh tumrap lunasing siksa para sukma mau marang kaadilan-Ku. (BCH,#1226).
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem sampun ngendika bilih naming welas asih ingkang Sampeyan Dalem kersakaken, mila kawula kumawani sowan mlebet nyuwunaken para sukma ing latu pangresikan ingkang Sampeyan Dalem tresnani ing Tyas Dalem. Sadayan para sukma wau taksih kedah nglunasaken janji kagem kaadilan Dalem. Mugi-mugi ilining rah lan toya Ambeg Welas saking Tyas Dalem, sageda sakala nyirep urubing latu pangresikan satemah ingriku welas asih Dalem kaluhurna.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksanana kanthi welas asih, para sukma ingkang kasiksa ing latu pangresikan, lan ingkang sampun tinampi ing Tyas Dalem ingkang Maha Welas Asih. Karana sangsara Dalem Sri Yesus ingkang saklangkung awrat, lan margi getir paiting kawontenan ingkang ngebaki Sukma Dalem tumuju para sukma ingkang Sampeyan Dalem priksani kanthi kaadilan Dalem, sampun ngantos Sampeyan Dalem priksani kanthi cara sanes, kejawi saking tatu Dalem Gusti Yesus Putra Dalem Kinasih, awit kawula pitados bilih kasaenan lan welas asih Dalem tanpa wates. Amin.
------------------------
Kalajengaken: SEMBAHYANG KORONKA
------------------------
Dinten Kaping Sanga – Setu Wanci Oktaf Paskah
Sabda Dalem Gusti Yesus dhateng Santa Faustina: “Dina iki, gawanen sowan marak ingarsa-ku, sukma-sukma kang kurang perdulen lan cemplungna ing samodra welas asih-Ku. Sukma kuwi natoni nunjem jroning Tyas-Ku. Ing Taman Getsemani, ing jroning sukma-Ku thukul rasa nduwa marga sukma kang kurang perdulen. Ya kuwi kang dadi darurane Aku matur, “Allah Rama katebihna tuwung punika saking kawula. Nanging sadaya punika sanes saking kajeng kula, mugi Kersa Dalem kalampahana”. Pitulungan pungkasan kanggone manungsa iya mung sumendhe pasrah sumarah tanpa suwala marang pangayoman welas asih-Ku. (BCH,#1228).
Suwawi sami munjuk:
P Gusti Yesus ingkang Ambeg Welas Asih, Sampeyan Dalem satuhu welas asih. Kawula ngaturaken para sukma ingkang kirang perdulen lumebet ing Tyas Dalem ingkang suci kebak welas asih. Tundhonipun sami tansah tetep wonten salebeting latu welas asih Dalem ingkang sejati, para sukma ingkang sampun anyep pindha jisim satemah nate ngendhani malah nyingkur Sampeyan Dalem punika, sageda tuwuh gregetipun malih ngabdi Sampeyan Dalem. Dhuh Gusti Yesus ingkang Maha Welas Asih karsaa nelakaken kekiyatan welas asih Dalem, lan katimbalana mlebet panguwasaning Katresnan Dalem, sarta paring nugraha tresna asih dhumateng para sukma punika awit inggih naming Sampeyan Dalem ingkang Maha Kuwaos.
U Allah Hyang Rama ingkang Langgeng, mriksanana kanthi welas asih, sukma-sukma ingkang kirang perdulen lumebet ing Tyasipun Putra Dalem ingkang penuh welas asih. Allah Rama ingkang Ambeg Welas Asih, awit saking sangsara ingkang nggegirisi ingkang kasandhang Gusti Yesus Putra Dalem lan krana seda kasalib ing salebeting tigang jam, keparenga kawula ngasih-asih nyuwun, mugi para sukma punika kepareng mulyakaken samodra welas asih Dalem. Amin.

SEMBAHYANG JAM WELAS ASIH (jam 15.00 wib)
Dhuh Sri Yesus, karana seda Dalem, sumbering agesang mbludag ngluberi kawula dasih, lan samodraning welas asih cumawis kangge jagad sawegung.
Dhuh Gusti sumbering agesang, kamirahan Dalem datan jinajagan, kersaa ngluberna welas asih Dalem, dhumateng kawula.
SEMBAHYANG DHUMATENG WELAS ASIH DALEM
Ludira saha tirta ingkang mijil saking telenging Tyas Dalem, inggih sumbering welas asih Dalem dhumateng kawula, kawula pitados ing Sampeyan Dalem.
Sri Yesus ingkang Maha Welas, Maha Asih, Maha Tresna, kawula pitados ing Sampeyan Dalem.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar