Senin, 19 September 2011

PERKAWIS-PERKAWIS SEMBAHYANG ROSARIO


KABINGAHAN DALEM

Nanging Malaékat ngandika,"Sampun ajrih Maria, panjenengan sampun manggih sih ing ngarsaning Allah. Lha punika panjenengan badhé anggarbini sarta mbabar putra kakung ingkang kedah panjenengan paringi asma Yésus." (Luk 1:30-31); Mat 1:18-25; Luk 1:26-38.
Lan sakala bareng Elisabèt ngrungu Dèwi Maria uluk salam, jabang bayi ing guwa-garba nglumba lan Elisabèt dhéwé kapenuhan ing Hyang Roh Suci banjur nguwuh kanthi sora sarta munjuk, "Sami-sami wanita panjenengan tuhu pinuji lan pinuji ugi wohing guwa-garba panjenengan." (Lukas 1:41-42); Luk 1:39-56.
Lan mbeneri ana ing kana mau Maria wanciné mbabar.  Panjenengané mbabar putra kakung pambajeng kang nuliginedhong ing gombal lan kasèlèhaké ana ing pamakanan awit ing panginepan wis ora oman papan. (Lukas 2:6-7); Mat 2:1-12; Luk 2:1-20.
Lan Siméon nambut Sang Timur binopong sarwa memuji Allah, unjuké :"Ing samangké pun abdi kalilana mundur kanthi tentrem dhuh Pangéran, manut sabda Dalem, awit mripat kawula sampun nyipati pangentasan Dalem." (Lukas 2:28-30); Luk 2:22-39.
Ing telung dinané ketemu ana ing padaleman suci, lenggah ing antarané para guru, mirengaké sarta tetakèn. Kabèh kang ngrungu padha gumun marang landheping panggrahita lan wangsulané. (Lukas 2:46-47); Luk 2:41-50.



SUMUNAR DALEM


Lan dhèk samana Gusti Yésus rawuh saka Nasarèt ing tanah Galiléa, sarta dibabtis Yoanes ana ing Bengawan Yordhan. Lan sanalika bareng mentas saka ing banyu, banjur pirsa ing langit sigar, lan Hyang Roh Suci pindha dara tumurun, lan nedhaki Panjenengané. Banjur ana swara dumeling saka ing langit,"Kowé iku PutraKu kinasih. Kowé kang gawé renaKu." (Mrk 1:9-11); Mat 3:13-17; Mrk 1:9-11; Luk 3:21-22; Yoh 1:32-34.
Ibu Dalem banjur ngandikamarang para abdi,"Kabèh kang didhawuhaké tindakna!" Ing kana ana genthong watu enem, dipasang kanggo wisuh miturut padatan cara Yahudi. Siji-sijiné bisa amot loro utawa telung metreta. Gusti Yésus banjur dhawuh,"Genthong iku kebakana banyu." Genthong padha diisèni nganti kebak mancep. Nuli Gusti Yésus dhawuh,"Saiki cidhukana lan caosna ,marang sing ngasta pramugari." Iya banjur dicaosaké. (Yoh 2:5-8); Yoh 2:1-12.
Bakda Yoanes dicekel, Gusti Yésus banjur tindak menyang Galiléa, martakaké kabar kabungahan kang tumurun saka Allah. Pangandikané,"Wus tekan titi-mangsané, kratoning Allah wus cepak. Padha matobata lan ngandela marang kabar kabungahan." (Mrk 1:14-15), Mat 4:12 - 25:46; Mrk 1:14 - 13:37; Luk 4:14 - 21:38; Yoh 3:13 - 12:50 ; Yoh 20:22-23.
Lan let enem dina Gusti Yésus ngathi Pétrus, Yakobus, lan Yoanes diajak minggah ing gunung dhuwur, miyambak. Lan Gusti santun warni anaing ngarepé. Agemané dadi sumorot putih memplak. Ana ing donya ora ana wong bisa musoni sing mengkono. Nabi Elias lan Nabi Musa padha ngatingal, lan ngendikan karo Gusti Yésus. (Mrk 9:2-4); Mat 17:1-8; Mrk 9:1-12; Luk 9:28-36.


Nuli Gusti mundhut roti, munjuk sembah nuwun, roti dicuwil lan diparingaké sarwa ngandika,"Iki Sliraku, kang bakal kaulungaké nglabuhi kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku. Semono uga Gusti mundhut tuwung, sawisé dhahar, sarwa ngandhika,"Iki tuwung Prajanjian Anyar ana ing Rahku, kang diutahaké nglabuhi kowé. (Luk 22:19-20); Mat 26:26-29; Mrk 14:22-25; Luk 22:14-20; Yoh 13:1 - 17:26; 1 Kor 11:23-29.

 

KASANGSARAN DALEM


"Dhuh Rama, manawi dados karsa Dalem mugi tuwung punika kasingkirna saking kawula, nanging sanès kajeng kawula, karsa Dalem kalampahana." (Luk 22:42), Mat 26:36-46; Mrk 14:32-42; Luk 22:39-46.
Wong kang padha njaga Gusti, moyoki Panjenengané lan ngantemi. Gusti dikrukubi lan diantemi wadana Dalem sarta bola-bali ditakoni, celathuné,"Wis wacanen, sapa sing ngantemi kowé iki. Lan isih akèh manèh pitembungané marang Gusti wujud cecamah. (Luk 22:63-65); Mat 27:26; Mrk 15:15; Luk 23:14-16;  Yoh 19:1
Lan para prajurit ngenam makutha eri, dietrapaké ing mustaka Dalem. Nuli Panjenengané diagemi sandhangan abang jingga, banjur pada sowan matur,"Pangabekti Ratuning tiyang Yahudi" lan Gusti diantemi." (Yoh 19:2-3), Mat 27:27-30; Mrk 15:16-19; Yoh 19:2-3.
Gusti Yésus ditampilan digawa lunga. Gusti manggul salib Dalem piyambak tindak menyang papan kang diarani Kalpari, tembung Hibrani Golgota. Ana ing kana Gusti disalib lan bebarengan karo Panjenengané ana wong loro kang disalib ngiwa-nengen, déné Gusti Yésus ana ing tengah." (Yoh 19:17-18); Mat 27:31-33; Mrk 15:20-22; Luk 23:26-32; Yoh 19:16-17.
Kanthi nguwuh swanten sora, Gusti Yésus ngendika,"Dhuh Rama, kawula masrahaken sukma kawula ing asta Dalem, lan ngendika mangkono iku, Gusti Yésus séda. Bareng penatus weruh lelakon mau, mulyakaké Allah, sarta celathu,"Mula nyata Wong iki ora salah." (Luk 23:46-47), Mat 27:34-56; Mrk 15:23-41; Luk 23:33-49; Yoh 19:18-30.

KAMULYAN DALEM


Wis ora ana ing kéné, wis wungu. Élinga marang pangandikané dhék ana ing Galiléya, sing mangkéné uniné : "Wus Pinasthi Putraning Manungsa kudu diulungaké marang tanganing wong dosa, sarta disalib lan ing telung dinané bakal wungu saka séda." (Luk 24:6-7); Mat 28:1-15; Mrk 16:1-13; Luk 24:1-12; Yoh 20:1-18.
"Nuli para murid padha diajak nganti tekan Bétania, lan ngumbulaké asta. Gusti maringi berkah lan bareng karo anggoné paring berkah Gusti nilar para rasul, lan kasengkakaké menyang swarga." (Luk 24:50-51); Mrk 16:19-20; Luk 24:50-53; Kis 1:9-11
"Kabèh padha kapenuhan ing Hyang Roh Suci, sarta banjur padha guneman nganggo basa warna-warni, mojar manut sakaparengé Hyang Roh Suci." (Kis 2:4); Kis 2:1-41.
"Nanging kabèh iku ana urut-urutane, sing dhisik dhéwé Sang Kristus, kang jumeneng panunggul, banjur liya-liyané kang dadi kagungan Dalem Sang Kristus, yèn mbésuk rawuh." (1 Kor 15:23); Mzm 15 (16):10; 1 Tes 4:14-16; Why 2:11.
"Ana pratandha katon ing langit, wanodya asingep surya lan rembulan, ana ing sangandhaping pada déné mustakané jinamang lintang rolas." (Why 12:1); Yud 15:10-12; Why 12:1.
Salajengipun...

SEMBAHYANG KATUR SANTO PAULUS




Santo Paulus ingkang minulya, sasampunipun mrajaya Pasamuwan suci, awit saking gunging katresnan saha kanugrahan Dalem,  panjenengan dipun timbali dados rasul ingkang makantar-kantar semangatipun. Kanggé martosaken kabar kabingahan Gusti Yésus, Sang Juru Wilujeng ngantos buntasing bumi, panjenengan kanthi suka gambira karsa nampi paukuman ing pakunjaran, dipun sesah lan dipun benturi séla, saha kapal ingkang kèrem, sarta sadaya panganiaya ingkang tundhonipun ngantos ngurbanaken rah kamartiran demi Gusti Yésus Kristus. Kaparingana kawula berkah ingkang ndayani kawula wantun kangélan anggènipun martosaken kapitadosan dhumateng sesami saha anggènipun nampi sadaya pacobèn lan kasisahaning gesang kawula. Karsaa mitulungi kawula lumantar paseksèning iman ingkang sinerat ing kitabipun panjenengan, saha anggènipun ndhèrèk ing katresnan jati kagem Gusti, supados sasampunipun kawula nuntasaken timbalan kawula ing donya punika, kawula kepareng nunggil kaliyan panjenengan, mulyakaken Gusti wonten ing Kraton Swarga ingkang langgeng, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Rama kawula……….
Sembah bekti…….3x
Santo Paulus, nyuwun pangestu dalem. Amin  
Salajengipun...

NOVÉNA KATUR SANTO PÉTRUS



(disembahyangake wiwit tanggal 20-28 Juni)
Rasul Pétrus ingkang minulya, awit panjenengan punika séla karang, ingriku, Allah ingkang mahakuwaos sampun karsa mbangun pasamuwan suci tuwuh ngrembaka, kaparingana kawula, lumantar panjenengan, panyuwunan punika: kapitadosan ingkang mekar ngrembaka, pengajeng-ajeng ingkang ageng, lan katresnan ingkang makantar-kantar; sélak dhiri sawetahipun, wantun kécalan samubarang kang kadonyan, kasabaran wontening kasisahan, andhap asor wontening kanikmatan, budi wening wontening sembahyangan, manah suci murni, pikajengan leres wontening sadaya pakaryan, kasetyan anggènipun nglampahi kewajiban, kayakinan anggènipun nuntasaken sadaya perkawis ing gesang, pasrah dhiri dhumateng karsa Dalem saha kasetyan anggènipun gesang ing rahmating Allah ngantos dumugining pejah; supados, lantaran berkah saha kasaénan panjenengan, kawula tinampi pantes sowan ing dhamparing Pangèn Utami para sukma ingkang langgeng, inggih punika Sri Yésus, Gusti kawula, ingkang nunggil kaliyan Allah Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon, ing salami-laminipun. Amin.
Rama kawula……….
Sembah bekti…….3x
Santo Petrus, nyuwun pangestu dalem. Amin Salajengipun...